Dina Setu kiye inyong lan kanca-kanca padha latian selam neng kolam renang Poltek Negeri Ambon. Esuk-esuk mung sarapan karo mie goreng terus jam setengah sepuluh renang nganti jam rolas. Mbok lemes banget. Awak pada pegel sebabe wis suwe ora renang. Terakhir renang kayane pas kuliah ganu, dadine ya payah.. Bar renang inyong langsung tuku sega karo ndog, biasa neng warung lela alias WARLEL nggo nambani kencote kiye. Pokoke krasane lemese poolll. Tapinen ana manfaate bae, inyong dadi ngerti setitik kepriwe goli renang sing bener. Sanajan lemes tapinen asyik banget malah kepengin maning koh..
Filed under: BANYUMASAN , activity, Ambon, Banyumas, gendhu-gendhu rasa, Jalan-jalan, jelajah, makan-makan, serba-serbi











nuwun sewu, kakang-mbekayu ……
inyong ujug-ujug njedul karo celilian merga durung ana sing kena karo nyong……, kenalan yah…
dedi kelingan dong ynong esih neng ternate….. jann….angger lagi kepengin mudik tapi ora nana sangune…. jan nelangsa pisan, nggo pelampiasan yahhh… ppaling dolan maring pinggir laut, eeeeehhhh dadi siki teyeng ngelangi senajan ngnaggo gaya watu….. terus ketilem, blebek-blebek,,,,glek, nginum banyu asin
Wek hohoho, inyonge jebulnya… jebulnya…. nduwe kelangenan toh… hiks, lucu bangetik, mendhoan. Mendoan memang inyak mas, enake udan-udan mangan mendoan karo ngapdet, wuah, mah klethus, lombok kabeh kliru… wekekek.
Saking lemese, ngeblog uwis setahun punjul lho kok yo PRe ora mundhak mundhak ki piya mas?
#kang wandhi, lah emange nek PR-nya naik iso nggo naik haja ya?