Srang..sreng.., brang..breng..mambu apa yah? kayane inyong paham pisan ambune. Ya ora salah maning, kuwe mambu pete. Jen pokoke pete pancen is the best lah. Apa maning nek dipangan karo sega anget, jangan kangkung, mendhoan ditambah sambel, nylekamin pisan. Kuwe mau ceritane inyong pas lagi neng Krajan Pekuncen Banyumas. Kebeneran neng kana lagi musim pete. Ning pasar-pasar akeh pisan pete. Rega pete sing segedheng biasane nganti rongpuluhewu punjul, pas musim wingi bisa dituku wolungewu perak. Ora kur neng pasar, pete uga diider neng wong (bakule) terut ngumah, regane ya ora kecek adoh karo neng pasar, kadang-kadang malah lewih murah.
Winginane sedurunge inyong meng Ambon, mertuane inyong tuku pete patang gedheng, sing segedhenge wolungewu, lumayan gedhe-gedhe koh isine, tapinen sayange madan enom. Tapi ya ora papa malah dadi manis rasane. Ujare mertuane inyong sih kon digawa meng Ambon, tapinen ya inyong males lah mbok-mbok pas ngantor ambune umbrengan he..he..
Pete bagine inyong kuwe pelengkap makanan sing lewih dahsyat ketimbang jengkol, beda karo kakange inyong sing lewih seneng jengkol. Dadine kewalik, angger neng meja makan ana pete, inyong keton sumringah lah kakange inyong mbesengut, tapinen angger mejane isine jengkol berarti kakangku cekikikan kesenengen lan inyong sing mandan males. Lah angger ana pete lan jengkol kabehan prangas-prenges kambi ngelus-ngelus ciri (ulege sekalian he..he..).
Mumet rasane angger kakehan mangan pete. Tapinen lewih mumet maning wis-wisane. Biasane kamar mandi ambune dadi ora karuan. Lah nek kaya kuwe melasine sing ora mangan apa-apa melu ngrasakna ambune sing mandan gawe leng-lengan. Laaaah kepriwe maning yah..? mumpung lagi musim. Ngesuk-ngesuk ya angel goletane.
Filed under: BANYUMASAN , Banyumas, gendhu-gendhu rasa, makan-makan, senyum











Pète…Pète…ko akeh tèmèn sing seneng,huwaaa inyong lah gila maring sing arane pete.Pokoke nek ramane bar mangan pete “trada kamar mandi untuknya”!!! (yu…mbekayu karin…Aja melu2 polaeh inyong ya,mengko inyong disambit kang masrur anu maraih ora bener wekekek)
Ngerti ora Yu, pete lan jengkol jerene neng film2 Mandarin kuwe kancing baju dewa sing gigal sekang langit, makane rasane ora ketulungan ha..ha..ha..
Njajal bae sih, dijamin ketagihan wekekekkekkkkk…
Oya yu, ijin ya bloge tek link.
Mangga…mangga…mangga…(udhu lagi dodolan buwah loooh)
ung…. mbokefatih sapa jane…. wung indonesia apa wong ciwunut?
mbokefatih kancaku lik, bisa wong margasana bisa juga purwojati, sing jelas pada bae penginyongan.
Ngerti margasana ora lik? jere sih terkenal ayam gorenge, tapi deneng urung pernah dijak nyipi neng mboke he..he..
Hallooo inyong wong Indonesia aseli loh,yaqin lah sung ora lombo he..he..
Eh eh ciwunut kuwe negara endi ya kang,negara anyar apa kuwe wekekek…
owalah jan, panen pete koh ora bagi karo nyong
ngeneh njaluk pete ne
“salam kenal saking cah klampok banjarnegara”
@ mbokefatih; pengin ngerti ciwunut, waca bae postingane.
@ dyon; owalah, wis telat kang. Angger sekiye ya wis entek. “salam balik sekang cah Babon alias Banyumas-Ambon” he..he..