Ujare inyong tah ya sandal biasa merk sewalo kaya sing neng gambar (kuwe sandale batire inyong), tapi mbuh kepriwe koh ana sing naksir bae. Angger deetung-etung wis ping papat inyong kelangan sandal. Telu sandal jepit merk sewalo lan sijine sandal merk Carvil madan lumayan. Sing sewalo ilange neng ngarep umah, angger sandal kerpile ilange neng ngarep umahe batir. Pertama inyong kilangan sandal sewalo pas tek jorna bae neng ngarep umah, eh bar balik sekang kerja weruh-weruh wis langka. Sing pindo uga pada bae kaya kue, bedane tek tinggal turu, pas tangi-tangi arep lunga lah deneng wis langka maning. Sing ping telu sing mandan lumayan. Pas inyong lagi dolan maring umahe batire wengi-wengi biasa dopokan karo batir-batir liyane uga ujug-ujug krungu kemresek neng ngarep umah, pas delongok weleh-weleh….sendale inyong lan batire ilang kabeh. Inyong sandale mereke kerpil, batire mereke mbuh apa tapi jelas regane larang jerene, lah batir sing sijine merek sewalo. Pancen beja banget sing nyolong, sepisan nyolong olih telu pisan. Yah akhire pasrah bae.. Tapi ora mung kuwe tok, tangga-tanggane inyong uga ana sing kelangan sandal. Wis kiye jelas-jelas perilaku sing ora bisa dijorna, kudu decegah. Tapinen pas dienten-enteni ujar-ujare arep dejebak eh malah langka sing nyolong maning. Lumayan suwe kondisi sandal aman.
Let ora suwe ana kedadian sing lucu sedulur. Pas inyong karo batire lagi arep maghrib neng mesjid ora sengaja weruh sandale inyong sing ilang merk Carvil. Inyong lan batire kaget, pokoke yakin gola gokin kuwe sandale inyong sing ilang. “Ya wis aja depikirna disit, sekiye maghrib disit” ujare batire. Ya wis akhire inyong lan batire pada maghrib disit, rencanane arep nakoni sapa sing nganggo sandal Carvile inyong. Eeeh dasar lagi ora beruntung, pas arep maring ngarep nggon sandal, jebule sandale wis ora nana lan inyong ora ngerti sapa sing nganggo. Kepriwe maning, akhire kudu ora kudu, ora bisa ora inyong lilakna bae sandale.
Kawit kedadian kuwe, jarang-jarang inyong lan batir inyong kelangan sendal. Seliyane lewih ngati-ati golih nyimpen sandal, sandal-sandale uga tek tengeri tulisan alias identitas gede, tujune nek ilang pada ngerti sandal kuwe duweke sapa lan mestine sing arep njikot mikir pindo. Pancen lumayan berhasil koh, buktine suwe ora kelangan. Nganti minggu wingi tembe inyong ngrasa kelangan sandal maning. Ujare inyong sandale tek gawa maring nggon kerja, tapi pas ditiliki jebule langka. Tek longok neng njero umah, kamar, kamar mandi, dapur, uga ora nana. Akhire inyong tembe sadar, pas mbengi-mbengi ora nglebokna sandale sedurunge turu. Pantesan ilang.
Pokoke sekiye kudu ati-ati angger ndelah sandal. Neng kene ora kaya umahe inyong neng Krajan. Angger neng kana sandal arep degletakna neng ngarep umah esuk, awan, sore, mbengi ya susah ilange. Tapi neng kene, aja wani-wani nggletakna sandal sembarangan, apamaning sandal sing mandan apik, mesti kemungkinan gede bisa ilang. Ati-ati sedulur..
Filed under: BANYUMASAN , Banyumas, gendhu-gendhu rasa, rumahku, SAHABAT











kiat jaga sandal:
1. sandale dirante, rantene dikalungna wedus.
2. sandale ditulisi karo tinta terbuat dari ‘tembelek lancung’
3. sandal jepit, slempange diganti karo ula welang urip
4. sandal karpell slempang kulite diganti karo kulit buaya urip
5. mending sediakna bakiak bae, bakiak sing isinya telu (kaya nggo lomba 17-an)
6. angger lagi pada medang, dopokan sandale diajak kon medang toli….
7. sadale ditulisi: sandala Sundel Bolong……
ha..ha..repot banget yaaahh nek kaya kuwe..
mending ora sandalan alias nyekerr..
kapalen ya kapalen belih jorna.. kaya kaki dusro:-)
yang sabar aja mas…
yang penting bukan hati mas yang hiLang…
kalau hilang khan bisa repot,,,!
ha..ha..demoffy ada-ada aja, bener kalo hati ilang repot, jadi gak ngerti sandalnya mana hohoho..
waaaaaa deneng siy pada nasibe kang kelangan sandal, inyong pas ganu neng jayapura ya sering men kelangan sandal sing digletakna neng ngarep umah, deneng penyakite pada ya….seneng nyolong sandal,pas dong nembe teka neng jayapura diomongi neng bapak kos kon aja ndelah sandal neng ngarep umah mesti ora suwe umure, pindah nggon, apa maning sandal maen, wong sandal jepit sing arep pethil be dijukut, owalah wong…wong…nyolong koh ora elit men ya….
Halow sedulur…salam konco yo…(aku yoi wong jowo) sampeyan wong ngendi???
Aku arep mtakon sedulur?? nang opo neng masjid ora ono piano, koyo ning gereja???
jawabane….
wkwkwkwkkw
sandale bae ilang seng regane 5rbu wae ilang opo maning piano sing regane se juta wes mesti ilang…
Keep Blogging ya…
Wong Semarang – Kendal – jawa
@mbokefatih, weleh-weleh pada bae ya yu. ya mungkin wis stereotip wong kawasan timur ndean. tangane pada clutak.
ya dadi lewih ngati-ati bae.. oya ramane lagi sehat mbok?
@accan,halo juga sedulur, hahaha.. genah kiye ambune wong jawa. ngendi sing bener kang, kendal apa semarang? mbekayu iparku uga wong kendal, nggon tembakau ngablak-ablak..
angger inyong wong Banyumas asli, ya sedulur tuane semarang lan kendal. mung siki lagi klayaban meng ambon maluku.
iya koh, kelangan sandal nganti ping papat kiye, ora lumrah banget..
aduh..
bahasa jerman saja mas..
saya gag ngerti…
huheuhue..
Salam Kenal:D
ha..ha.. itu basa Jerman alias jejer kauman, ya daerah banyumas juga huehueea..
coba cari kamus banyumas-medan bro..
ha..ha..ha..
salam kenal juga, tukeran link ya..
ahaha.. ampun deh bahasanyaa.. ngikik sendiri bacanya, soalnya jadi mbayangin orang ngomong kayak gitu. hhi.
serem juga ya, ilang2 gt. jadi berasa pentingnya barang2 sepele. hehe..
ta’ kasih tau ya, banyumas itu salah satu basa jawa tertua, dekat hubungannya dengan sansekerta, penuh seni hahaha. apalagi kalo denger ngomongnya (awas kalo kapan2 ketemu..)
satu lagi, wikipedia ada yang banyumas lho..
http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Wikip%C3%A9dia_Basa_Banyumasan
dan esih akeh keunggulan liyane..
hidup ngapak..
oya, tialtiul dah nongol diblogroll-ku tuh..
maturnuwun pun mampir
Bos, Kuwe sandalku lho.
Bayar royalti ngeneh…
kan sandalku wis nongol meng internet, trus wis membuat blogmu akeh komentar, berarti wordpress makin sugih lha aku ora entuk apa-apa?
tenang bae bos, enthuk mesti, ya paling ora entuk ganjaran lan pahala dari Gusti Alloh.
Sing penting ikhlas hehehehe..
piss
Walah…banyumasan. najan gak isa banyumasan tapi aku paham lo, mas… dadi kelingan kancaku Masruri cah kebumen, sahabat karib jaman kuliah. Jengkel ya mas kelangan sandal. aku ya bar posting tentang “sandal terbang”. Intine jengkel tapi kudu sabar. Wis tak link balik mas… salam.
hhahaha,,kok mesti sial timen…lek gawe sendal..wes diikhlasne wae…:d
salam kenal…
Kenangapa aku komen? Karena aku seneng karo basane. Hidup ngapak!
# Mas8nur, Banyumasan alias ngapak emang mudah dimengeti kok, pun begitu dengan orang2nya, pengertian juga (narsis mode on):-)
# tie2n, emang mbak, ya gitu deh. dadi tambah ngati-ati hehe..
# kang suhar, haha.. ngapak forever. angger dudu dewek, sapa maning..?
susah mengerti bahasa puertorico…
oalah..ilang koh kopang-kaping kang…
sing sabar baen ya..
timbangane ilang trus, nganggo samdal “dage” baen..nek ora sandal jepit bandol sing warna ireng. tukune nang banaran. awet kuwe, murah maning….
salam kenal…
-ngapak juga-
lha kuwe tah mesti ana sesuatune ndean mulane ilang bae sandale….
kaya langka sandal liyane bae ya mas sing liwih apik..
jan malinge lha ora elit banget ya, sandal jepit wis elek bae dijumut…
kwkwkwkwkwk….
kang..inyong ijin ngelink tulisan kiye yak?
*wis entuk sandal dage-ne rung?