Ujare inyong tah ya sandal biasa merk sewalo kaya sing neng gambar (kuwe sandale batire inyong), tapi mbuh kepriwe koh ana sing naksir bae. Angger deetung-etung wis ping papat inyong kelangan sandal. Telu sandal jepit merk sewalo lan sijine sandal merk Carvil madan lumayan. Sing sewalo ilange neng ngarep umah, angger sandal kerpile ilange neng ngarep umahe batir. Pertama inyong kilangan sandal sewalo pas tek jorna bae neng ngarep umah, eh bar balik sekang kerja weruh-weruh wis langka. Sing pindo uga pada bae kaya kue, bedane tek tinggal turu, pas tangi-tangi arep lunga lah deneng wis langka maning. Sing ping telu sing mandan lumayan. Pas inyong lagi dolan maring umahe batire wengi-wengi biasa dopokan karo batir-batir liyane uga ujug-ujug krungu kemresek neng ngarep umah, pas delongok weleh-weleh….sendale inyong lan batire ilang kabeh. Inyong sandale mereke kerpil, batire mereke mbuh apa tapi jelas regane larang jerene, lah batir sing sijine merek sewalo. Pancen beja banget sing nyolong, sepisan nyolong olih telu pisan. Yah akhire pasrah bae.. Tapi ora mung kuwe tok, tangga-tanggane inyong uga ana sing kelangan sandal. Wis kiye jelas-jelas perilaku sing ora bisa dijorna, kudu decegah. Tapinen pas dienten-enteni ujar-ujare arep dejebak eh malah langka sing nyolong maning. Lumayan suwe kondisi sandal aman.
Let ora suwe ana kedadian sing lucu sedulur. Pas inyong karo batire lagi arep maghrib neng mesjid ora sengaja weruh sandale inyong sing ilang merk Carvil. Inyong lan batire kaget, pokoke yakin gola gokin kuwe sandale inyong sing ilang. “Ya wis aja depikirna disit, sekiye maghrib disit” ujare batire. Ya wis akhire inyong lan batire pada maghrib disit, rencanane arep nakoni sapa sing nganggo sandal Carvile inyong. Eeeh dasar lagi ora beruntung, pas arep maring ngarep nggon sandal, jebule sandale wis ora nana lan inyong ora ngerti sapa sing nganggo. Kepriwe maning, akhire kudu ora kudu, ora bisa ora inyong lilakna bae sandale.
Kawit kedadian kuwe, jarang-jarang inyong lan batir inyong kelangan sendal. Seliyane lewih ngati-ati golih nyimpen sandal, sandal-sandale uga tek tengeri tulisan alias identitas gede, tujune nek ilang pada ngerti sandal kuwe duweke sapa lan mestine sing arep njikot mikir pindo. Pancen lumayan berhasil koh, buktine suwe ora kelangan. Nganti minggu wingi tembe inyong ngrasa kelangan sandal maning. Ujare inyong sandale tek gawa maring nggon kerja, tapi pas ditiliki jebule langka. Tek longok neng njero umah, kamar, kamar mandi, dapur, uga ora nana. Akhire inyong tembe sadar, pas mbengi-mbengi ora nglebokna sandale sedurunge turu. Pantesan ilang.
Pokoke sekiye kudu ati-ati angger ndelah sandal. Neng kene ora kaya umahe inyong neng Krajan. Angger neng kana sandal arep degletakna neng ngarep umah esuk, awan, sore, mbengi ya susah ilange. Tapi neng kene, aja wani-wani nggletakna sandal sembarangan, apamaning sandal sing mandan apik, mesti kemungkinan gede bisa ilang. Ati-ati sedulur..
Filed under: BANYUMASAN , Banyumas, gendhu-gendhu rasa, rumahku, SAHABAT















mereka berkata