muhamaze

entah apa yang terpikirkan, mengalir begitu saja

Sedulur, ayuh padha mudik….!

Ora krasa wis pertengahan puasa lewih ya sedulur. Moga-moga puasa sing wis dilakoni deridhoi neng Gusti Alloh SWT lan kabeh dinei kekuatan nggo nglanjutna puasane nganti tutug sewulan muput. Amiin. Alhamdulilah syukur banget, sedela maning inyong arep mudik nang Jawa tepate Banyumas sing tercinta. Pokoke dina-dina kiye wis kebayang desane inyong, ambune sawah-sawahe lan aroma mendhoane, jan enake poolll.

Inyong mudik ora dewekan, ndilalah ana kanca bathir juga sing asale sekang Banyumas, dadi bisa bareng. Pas mudik, inyong juga ora kelalen nggawa oleh-oleh sing jerene khas Ambon. Macem-macem sedulur oleh-olehe. Ana lenga kayu putih, lenga cengkeh, kue Halua Kenari, iwak asar lan liyane sing esih direncana. Kepengin uga nggawa Sagu sing atos ben sedulur neng omah pada ngerti sagu kuwe atos he..he.. Apa maning ya? kayane oleh-oleh semono juga wis akeh.

Angger depikir maning, sing paling penting nggo wong mudik yaiku keslametane lan kewarasan. Oleh-oleh tah sekedar nggo nandakna rasa bungah bisa ngumpul bareng keluarga lan sedulur-sedulur nang desa. Dadi misale nek langka anggaran ya aja dipaksa-paksa dianak-anakna tuku oleh-oleh. Krungu kabare sehat wal afiat Insyaalloh keluarga uga wis bungah.

Mengko pas inyong mudik rencanane uga ora langsung maring Banyumas, tapinen mering Jakarta disit nggone sedulure, jerene arep ana sing detitipna nggo biyunge neng ngumah. Neng Jakarta uga sekalian nggolet-nggolet kebutuhan liyane sing arep degawa balik nang desa.

Mudik kadang puyeng angger mikirna biayane. Maklum sedulur, kadang-kadang rejekina wong kan naik-turun, kadang gangsar kadang seret. Makane nek arep mudik kudu dipikirna juga masalah kuwe lan justru paling penting. Iya niate sih apik lebaran kepengin ketemu sedulur tapinen angger akhire mumet biayane ya mending diundur disit rencana mudike, nunggu pas lagi omber.

Tapi intine lebaran pancen wektu sing pas banget nggo mudik. Inyong padha bisa ketemu sedulur-sedulur kabeh, sebab biasane sing liyane juga mudike pas lebaran alias badahan. Dadi dienteni bae ya… Moga-moga lancar kabehan urusane lan padha bisa silaturahim gendhu-gendhu rasa karo sedulur-sedulure kabeh. Amiin.

Filed under: BANYUMASAN , , , , ,

sudah cukup lama inyong di Ambon….

dan saat ini inyong merindukan Banyumas……

kepengin balik…!!!

Filed under: BANYUMASAN, SERBANEKA , , , , , ,

Udan, adem, dadine kencot

Menungsa pancen makhluk ciptaane Gusti Alloh sing maen pisan. Neng njerone ana sistem tubuh sing rumit, siji lan sijine antar bagian mesti nduwe hubungan sing istilahe secara fisiologis nduweni mekanisme tertentu nggo njaga kondisi awake tetep stabil. Nek ana perubahan neng siji panggonan maka arep mempengaruhi bagian liyane. Seliyane kuwe, tubuh menungsa juga dipengaruhi lingkungan luar. Macem-macem rupane sing bisa mempengaruhi kaya kondisi suhu, cuaca, panas apa adem, seneng apa sebel lan liya-liyane.

Siki inyong arep crita sing ana neng awake inyong dewek hubungane karo cuaca Ambon sing ora nentu. Kadang panas, kadang udan, tapi seringe udan ndina-ndina sing marakna awak dadi krasa adem pisan. Lah nek wis ketemu karo sing jenenge adem, arep ngapa-ngapa juga males banget. Arep kerja males, nyuci klambi lan piring males, nulis-nulis juga males. Ujung-ujunge malah dadi kencot alias lapar.

Wis dudu rahasia maning nek adem marakna kencot. Sebenere sih adem bisa nyebabna hal liyane selain kencot, tapi sing nyong rasakna ya nek adem dadi kencot. Nek secara biologi juga bener. Pas wektu adem, akeh energi sing dinggo kanggo mbentuk panas utawa kalor. Lah energi mau kan sumbere sekang panganan. Dadi nek dibutuhna energi akeh nggo gawe panas berarti dibutuhna juga asupan panganan sing lumayan mantep. Semakin adem semakin akeh juga panganan sing dibutuhna.

Masalah neng nduwur urung dikaitna karo watekke wonge. Emut, wong kan ana sing kenchotan banget. Dadi ora panas ora adem tetep kencotan. Istilahe, wektu normal bae kencot apa maning wektu udan lan adem mestine super kencot. Lah kuwe sing tek alami, wis Ambon adem banget ditambah inyong juga kencotan, pokoke klop banget penderitaane.

Ambon pancen lagi adem. Arep ngendi-ngendi juga bebeh pisan. Sing ana mung glungsaran neng kasur karo dolanan laptop, nggo ngurangi rasa kencot sing mendera. Tamba sing mujarab ya kudu siap-siap banyu panas terus mie instan.

Intine nek langit mulai petheng, siap-siap kemul karena mesti adem. Lah nek wis adem siap-siap karo banyu panas lan mie instan nggo ngganjel wetheng. Nek langka mie ya apa bae sing penting bisa dipangan lan ora kademen. Adem karo kencot pancen berbanding lurus. Ati-ati sedulur………

Filed under: BANYUMASAN , , , , ,

Kapan enggane padha turing maning..?

Kayane wis lawas banget inyong ora ngumpul-ngumpul karo kanca-kanca kuliahan ganu sing biasa gradag-grudug ngalor-ngidul. Apamaning wektu wis meh lulus, gaweane dolan bae sing istilahe touring. Maen banget mbok? lah grombolane jenenge JT alias Jamangah Turing. Inyong esih kemutan pernah maring daerah Purbalingga tapi lewate jalur Baturaden sing manjat adoh banget. Dalane kaya rimba belantara, lumayan sepi. Jen kudu dibutuhna jiwa petualang banget (padahal sih biasa bae he..he..). Lan sing penting maning kudu kuat montore, paling ora ya merk-merk sing lumayan terkenal lah misale Honda apa Yamaha. Aja kaya kancane inyong sing nganggo montor merk ora nggenah, ya harap maklum bae angger ketemu tanjakan lumayan rekasa ngereng-ngereng motore (wonge juga) padahal langka sing mbonceng. Dadi ana pelajaran pertama; nek ketemu tanjakan mending mlaku bae, montore dituntun.

Jalur turing liyane sing lumayan menantang maning yaiku jalur Purwokerto-Wonosobo. Wektu kue ana kepentingan karo penelitian sing dilakokna tentang tengu neng godhong teh, dadine padha turing maring perkebunan teh neng Wonosobo sekalian karo dolan ndeleng keadaan alam Wonosobo sing lumayan adem dibanding Purwokerto. Turinge ya lumayan rekasa, dalane kelak-kelok ndilalah udan maning. Dadi kudu ati-ati dalane lumayan lunyu, akeh bis lan mobil sing gede-gede. Pas neng Wonosobo muter-muter maring ngendi ora, tapi sing madan lumayan nggo pengalaman yaiku maring perusahan teh PT. Tambi. Ndilalah ana kanca sing duwe sedulur neng perusahaan kuwe lan umahe neg Wonosobo. Seliyane olih pengalaman juga olih ampiran sing mestine kon padha medang. Balik sekang Wonosobo pas udan deres tapi Alhamdulilah slamet waras butul balik maning maring ngumah. Ana pelajaran nomer loro; Dolan ngendi-ngendi usahakna mampir nggone sedulure sing apikan.

Ana siji maning turing dalam rangka penelitian tengu yaiku maring perkebuna teh Kaligua neng pereke Paguyangan Brebes. Dalane juga manjat banget, bener-bener nguji ketahanan montor sing denggo. Syukur banget montor-montor tanpa masalah njlajah kawasan perbukitan menuju Kaligua. Perkebunan Kaligua amba banget berhektar-hektar, tapi ora ngerti pastine pirang hektar. Hawane juga adem jilep kaya perkebunan teh liyane. Neng kono ana telaga sing akeh lelene, jenenge telaga Ranjeng. Lele sing neng telaga ora pernah dijukuti sebab ana mitos angger dijukut bakal terjadi sesuatu mbuh apa ora nggenah. Tapi diambil positife bae bahwa larangan kue bisa kanggo sarana pelastarian sumberdaya lele neng Kaligua. Lepas sekang crita mau, pas neng Kaligua seinget inyong padha metiki godhong teh nggo dideleng tengune. Tapi pas diamati neng laboratorium jebule tengune setitik banget. Crita-crita ternyata tehe wis disemprot, ya pantes bae langka tengune. Pelajaran ketelu; nggolet tengu aja neng Kaligua.

Cilacap, ya Cilacap jalur turing liyane. Pertama montoran sekang Purwokerto maring pelabuhan Sleko Cilacap, dilanjutna numpak compreng (kapal kayu) muter-muter neng Segara Anakan gratis..tis. Sebabe mung melu ngancani wong penelitian iwak. Inyong kelalen jenenge tapi mbane kuliah neng Jerman penelitian thesis neng Segara Anakan. Inyong kemutan, keliling Segara Anakan nganti wengi lan udan deres banget, kelalen ora nggawa jas apa mantel udan. Akhire teles jebesss. Nggo pelajaran sing kepapat; Nek kepengin ora teles banyu udan, mendhing adhus banyu segara sekalian.

Lah siki inyong kepengin crita pas turing neng Kebumen, sebelahe pantai Ayah. Inyong kelalen jenenge pantai apa, tapi jalure lewat Sumpiuh terus ngidul tekan segara. Neng kono ana wit semangkane akeh lan akeh wong dodol iwak. Dadine nyampleng banget, kesel dolanan mlaku-mlaku neng pantai terus pada bakaran iwak, cuci mulute semangka. Maen banget pokoke. Kuwe dadi salah siji turing sing favorit masalahe pikiran bombong weteng wareg. Pelajaran penting nomer lima; nek turing aja kelalen urusan weteng.

Sebenere akeh banget tempat sing dikunjungi, tapi insyaalloh kapan-kapan tek critani maning. Sing penting siki anggota JT moga-moga ora kelalen kenangan-kenangan ganu pas padha giat-giate turing nggolet pengalaman urip. Lah bayangna nek siki mungkin wis padha ora bisa, apa maning sing wis mbojo mestine ya mikir pindho nek arep muter-muter kaya ganu maning. Senajan kaya kue tapi mestine esih ana semangat moga-moga bae. Makane inyong takon maring kanca-kanca; Kapan enggane padha turing maning..?

Filed under: BANYUMASAN , , , , , ,

menghitung hari

Desember 2009
M S S R K J S
« Nov    
 12345
6789101112
13141516171819
20212223242526
2728293031  

kategori

kenapa tidak?

Yuk.Ngeblog.web.id Indonesian Muslim Blogger

jejak membekas

  • 21,513 senyuman

networked blogs

sekilas tentangku

lahir di banyumas ngapak, kini berkelana di ambon manise, berkawan dengan hewan laut lunak menawan yang kadang bercangkang, bermain di deburan ombak segara, tertatih berusaha merambahi dunia maya sebagai muhamaze

bakudapa

maluku

yang tersimpan

parade

Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia ristek Internet Sehat Brighter Planet's 350 Challenge Greenpeace SEA-Indonesia

maju export Indonesia

Maju Export Indonesia