::
archives

Banyumas

This tag is associated with 12 posts

Sandale inyong ilang maning

sandale-dharma2Ujare inyong tah ya sandal biasa merk sewalo kaya sing neng gambar (kuwe sandale batire inyong), tapi mbuh kepriwe koh ana sing naksir bae. Angger deetung-etung wis ping papat inyong kelangan sandal. Telu sandal jepit merk sewalo lan sijine sandal merk Carvil madan lumayan. Sing sewalo ilange neng ngarep umah, angger sandal kerpile ilange neng ngarep umahe batir. Pertama inyong kilangan sandal sewalo pas tek jorna bae neng ngarep umah, eh bar balik sekang kerja weruh-weruh wis langka. Sing pindo uga pada bae kaya kue, bedane tek tinggal turu, pas tangi-tangi arep lunga lah deneng wis langka maning. Sing ping telu sing mandan lumayan. Pas inyong lagi dolan maring umahe batire wengi-wengi biasa dopokan karo batir-batir liyane uga ujug-ujug krungu kemresek neng ngarep umah, pas delongok weleh-weleh….sendale inyong lan batire ilang kabeh. Inyong sandale mereke kerpil, batire mereke mbuh apa tapi jelas regane larang jerene, lah batir sing sijine merek sewalo. Pancen beja banget sing nyolong, sepisan nyolong olih telu pisan. Yah akhire pasrah bae.. Tapi ora mung kuwe tok, tangga-tanggane inyong uga ana sing kelangan sandal. Wis kiye jelas-jelas perilaku sing ora bisa dijorna, kudu decegah. Tapinen pas dienten-enteni ujar-ujare arep dejebak eh malah langka sing nyolong maning. Lumayan suwe kondisi sandal aman.

Let ora suwe ana kedadian sing lucu sedulur. Pas inyong karo batire lagi arep maghrib neng mesjid ora sengaja weruh sandale inyong sing ilang merk Carvil. Inyong lan batire kaget, pokoke yakin gola gokin kuwe sandale inyong sing ilang. “Ya wis aja depikirna disit, sekiye maghrib disit” ujare batire. Ya wis akhire inyong lan batire pada maghrib disit, rencanane arep nakoni sapa sing nganggo sandal Carvile inyong. Eeeh dasar lagi ora beruntung, pas arep maring ngarep nggon sandal, jebule sandale wis ora nana lan inyong ora ngerti sapa sing nganggo. Kepriwe maning, akhire kudu ora kudu, ora bisa ora inyong lilakna bae sandale.

Kawit kedadian kuwe, jarang-jarang inyong lan batir inyong kelangan sendal. Seliyane lewih ngati-ati golih nyimpen sandal, sandal-sandale uga tek tengeri tulisan alias identitas gede, tujune nek ilang pada ngerti sandal kuwe duweke sapa lan mestine sing arep njikot mikir pindo. Pancen lumayan berhasil koh, buktine suwe ora kelangan. Nganti minggu wingi tembe inyong ngrasa kelangan sandal maning. Ujare inyong sandale tek gawa maring nggon kerja, tapi pas ditiliki jebule langka. Tek longok neng njero umah, kamar, kamar mandi, dapur, uga ora nana. Akhire inyong tembe sadar, pas mbengi-mbengi ora nglebokna sandale sedurunge turu. Pantesan ilang.

Pokoke sekiye kudu ati-ati angger ndelah sandal. Neng kene ora kaya umahe inyong neng Krajan. Angger neng kana sandal arep degletakna neng ngarep umah esuk, awan, sore, mbengi ya susah ilange. Tapi neng kene, aja wani-wani nggletakna sandal sembarangan, apamaning sandal sing mandan apik, mesti kemungkinan gede bisa ilang. Ati-ati sedulur..

Di manakah teman SMA*-ku?

Aku lesu, tertunduk melepas pikiranku jauh meninggalkan ragaku, menelusuri jalanan aspal hitam yang kadang robek di tengah-tengah hingga tanpa sadar aku telah terbawa jauh melompati ruang-ruang penuh canda. Aku terpesona kala kulihat sosok-sosok itu masih ada, bercokol dalam relung jantungku dan tertancap tak kuasa lepas.

Namun satu satu perlahan bayang itu kabur, semakin membias. Mungkin aku terlalu angkuh. Kini kucoba mereka-reka pikiranku, menata puing-puing yang dulu gagah mendampingi nafasku. Sebagian telah aku rengkuh, namun entahlah dengan bongkahan yang lain. Inginku merangkainya lagi, paling tidak dia, dia, dia, semuanya. Wanong, junanto, dwisetyo, agus, budi, jupe, iva puspa, isti, desi, sekhu, ari, atik, titis, tomo, putut, i’ah, silvi, subhan, gayut, halida, erna, siti, martini, ririn, tutun, ais, evit, hesti, yoga, imeng, adi, aripin, gurit, maria ulfa, yatmi dan…. dan…. dan… sungguh aku perlu baca buku kenangan SMA*-ku, berkelana ke kampung-kampung, mengembarai friendster, blogging, dan menjelajah alam maya. Hanya untuk satu kata “Salam”.

* SMA 1 Ajibarang angkatan 2000 terutama eks. 1F dan 3IPA2

Kerajaan Ciwunut

Ana sing takon dadine inyong crita:

Ning tataran Jawa Dwipa kira-kira neng sekitare Gunung Slamet ana kerajaan cilik sing ketlingsep sejarah alias langka sejarahe. Kerajaane sesek ning watu-watu ireng sing atos-atos (jajal bae dicokot angger ora ngandel). Wit-witan uga ana, akehe wit klapa karo kopi. Kerajaane dibatesi gar lore sawah ki Kartim, bates kulone kali Kedung, bates kidule sawah man Sahib lan bates wetane ana kalen lan sawahe man Iksan (pangapura langka petane he..he..)

Pas lagi inyong esih cilik ganu sering dolan neng kerajaan Ciwunut, andon mangan degan lan adus-adusan neng kali, bar kuwe terus ngempani lemud sing ambrungan ora nggenah. Neng tengah-tengahe kerajaan ana tuk alias sumber mata air sing banyune kinclong bersih ora ketulungan, nek patut ndean disogi gelas pinggire dadi nek ana wong arep nginum gari njikot sangkin beninge. Ana tambahan maning, neng tuk kuwe kutuke gedhe-gedhe. Ngerti kutuk ora? Sing sering mancing alias “mungin” mesti ngerti.

Ana maning keunikane bahwa Ciwunut kuwe kerajaan tanpa raja. Dasaren pancen udu kerajaan, kuwe gada-gadane lilike inyong sing nyebut Ciwunut kuwe kerajaan Ciwunut. Sing sebenere Ciwunut kuwe kebone eyange inyong. Lewih sekang separone, eyange alias kakine inyong nduwe saham Ciwunut, dadi ora salah nek diarani rajane Ciwunut. Lah siki kakine inyong wis suwe tilar dunyo, dadi urung ana penerus Kerajaan Ciwunut.

Ciwunut versine beda-beda. Angger versine inyong, Ciwunut kuwe ya kebone ramane lan kakine inyong. Tapinen ana versi liyane sing nyebutna Ciwunut kuwe ngablak-ngablak sekang kebone kakine inyong terus tekan ngidul nganti maring perek Karang Blimbing (endi maning kuwe?). Dadi, sedulur kabeh angger pengin ngerti Ciwunut neng endi, ayuh pada dolan neng Krajan, Pekuncen, Banyumas. Bakalan tek sandingi degan, kopi, klapa, mlinjo, gedang lan liyane (pete uga ana he..he..).

Ciwunut uga nggo tembungan wong-wong nggonku nek detakoni calo-calo lan kernet-kernet sing rewel neng terminal. Umpamane inyong arep balik sekang Jakarta terus ditakoni calo; “Mau kemana bang?” Angger calone rewel bae, inyong njawab maring Ciwunut. Mesti calone bingung.

Intine, Ciwunut kuwe daerah neng nggone inyong sing bisa nggo plesetan angger ditakone; maring ngendi?; ko asale ngendi?; neng endi? lan ngendi-ngendi liyane. Dadi sedulur kakang mboke wis ngerti Ciwunut mbok?

Catetan; ora nutup kemungkinan angger ana Ciwunut-Ciwunut liyane.

Musim Pete

Srang..sreng.., brang..breng..mambu apa yah? kayane inyong paham pisan ambune. Ya ora salah maning, kuwe mambu pete. Jen pokoke pete pancen is the best lah. Apa maning nek dipangan karo sega anget, jangan kangkung, mendhoan ditambah sambel, nylekamin pisan. Kuwe mau ceritane inyong pas lagi neng Krajan Pekuncen Banyumas. Kebeneran neng kana lagi musim pete. Ning pasar-pasar akeh pisan pete. Rega pete sing segedheng biasane nganti rongpuluhewu punjul, pas musim wingi bisa dituku wolungewu perak. Ora kur neng pasar, pete uga diider neng wong (bakule) terut ngumah, regane ya ora kecek adoh karo neng pasar, kadang-kadang malah lewih murah.

Winginane sedurunge inyong meng Ambon, mertuane inyong tuku pete patang gedheng, sing segedhenge wolungewu, lumayan gedhe-gedhe koh isine, tapinen sayange madan enom. Tapi ya ora papa malah dadi manis rasane. Ujare mertuane inyong sih kon digawa meng Ambon, tapinen ya inyong males lah mbok-mbok pas ngantor ambune umbrengan he..he..

Pete bagine inyong kuwe pelengkap makanan sing lewih dahsyat ketimbang jengkol, beda karo kakange inyong sing lewih seneng jengkol. Dadine kewalik, angger neng meja makan ana pete, inyong keton sumringah lah kakange inyong mbesengut, tapinen angger mejane isine jengkol berarti kakangku cekikikan kesenengen lan inyong sing mandan males. Lah angger ana pete lan jengkol kabehan prangas-prenges kambi ngelus-ngelus ciri (ulege sekalian he..he..).

Mumet rasane angger kakehan mangan pete. Tapinen lewih mumet maning wis-wisane. Biasane kamar mandi ambune dadi ora karuan. Lah nek kaya kuwe melasine sing ora mangan apa-apa melu ngrasakna ambune sing mandan gawe leng-lengan. Laaaah kepriwe maning yah..? mumpung lagi musim. Ngesuk-ngesuk ya angel goletane.

Sedulur, ayuh padha mudik….!

Ora krasa wis pertengahan puasa lewih ya sedulur. Moga-moga puasa sing wis dilakoni deridhoi neng Gusti Alloh SWT lan kabeh dinei kekuatan nggo nglanjutna puasane nganti tutug sewulan muput. Amiin. Alhamdulilah syukur banget, sedela maning inyong arep mudik nang Jawa tepate Banyumas sing tercinta. Pokoke dina-dina kiye wis kebayang desane inyong, ambune sawah-sawahe lan aroma mendhoane, jan enake poolll.

Inyong mudik ora dewekan, ndilalah ana kanca bathir juga sing asale sekang Banyumas, dadi bisa bareng. Pas mudik, inyong juga ora kelalen nggawa oleh-oleh sing jerene khas Ambon. Macem-macem sedulur oleh-olehe. Ana lenga kayu putih, lenga cengkeh, kue Halua Kenari, iwak asar lan liyane sing esih direncana. Kepengin uga nggawa Sagu sing atos ben sedulur neng omah pada ngerti sagu kuwe atos he..he.. Apa maning ya? kayane oleh-oleh semono juga wis akeh.

Angger depikir maning, sing paling penting nggo wong mudik yaiku keslametane lan kewarasan. Oleh-oleh tah sekedar nggo nandakna rasa bungah bisa ngumpul bareng keluarga lan sedulur-sedulur nang desa. Dadi misale nek langka anggaran ya aja dipaksa-paksa dianak-anakna tuku oleh-oleh. Krungu kabare sehat wal afiat Insyaalloh keluarga uga wis bungah.

Mengko pas inyong mudik rencanane uga ora langsung maring Banyumas, tapinen mering Jakarta disit nggone sedulure, jerene arep ana sing detitipna nggo biyunge neng ngumah. Neng Jakarta uga sekalian nggolet-nggolet kebutuhan liyane sing arep degawa balik nang desa.

Mudik kadang puyeng angger mikirna biayane. Maklum sedulur, kadang-kadang rejekina wong kan naik-turun, kadang gangsar kadang seret. Makane nek arep mudik kudu dipikirna juga masalah kuwe lan justru paling penting. Iya niate sih apik lebaran kepengin ketemu sedulur tapinen angger akhire mumet biayane ya mending diundur disit rencana mudike, nunggu pas lagi omber.

Tapi intine lebaran pancen wektu sing pas banget nggo mudik. Inyong padha bisa ketemu sedulur-sedulur kabeh, sebab biasane sing liyane juga mudike pas lebaran alias badahan. Dadi dienteni bae ya… Moga-moga lancar kabehan urusane lan padha bisa silaturahim gendhu-gendhu rasa karo sedulur-sedulure kabeh. Amiin.

sudah cukup lama inyong di Ambon….

dan saat ini inyong merindukan Banyumas……

kepengin balik…!!!

Mendhoan Tempe Instan, mungkinkah?

Bukan berita baru lagi kalau orang-orang seantero Jawa disana sudah tahu yang namanya mendhoan tempe. Apalagi orang Jawa Tengah, lebih spesifik lagi orang Banyumas pasti mengenal bahkan sudah kecanduan yang namanya mendhoan. Bagi yang belum tahu berarti yang bersangkutan belum pernah merasakan kenikmatan tak berbilang. Ya, mendhoan memang nikmat apalagi dimakan hangat-hangat plus cabe rawit atau cengis.

Mendhoan adalah salah satu makanan khas Banyumas berupa tempe yang digoreng lembek-lembek dengan daun bawang. Karena lembek klemer-klemer itulah disebut mendhoan (dari kata mendho=lembek). Tempe yang dipakai juga bukan sembarang tempe. Tempe yang pas buat mendhoan adalah tempe yang dibungkus daun (tempe bunthel). Rasa tempe itu lebih mantap dibanding tempe biasa yang dibungkus plastik.

Mendhoan bagi orang Banyumas sama halnya ikan bagi orang-orang Ambon. Bila saat makan nggak ada mendhoan maka kurang nikmat. Mendhoan juga mencapai puncak kenikmatannya kalau dimakan pas musim hujan, dimakan anget-anget memakai cabe cengis. Wuuiiih enak tenan…………

Memikirkan betapa nikmatnya mendhoan favorit, jadi mikir pula gimana kalo mendhoan diberi sedikit sentuhan modern. Ya aku seh hanya bisa membayangkan seandainya mendhoan bisa dikemas sebagai masakan yang bisa dimasak instan layaknya mie. Mungkin namanya jadi “Mendhoan Instan”. Namanya juga instan, jadi kalau pengin masak tinggal sobek kemasannya terus langsung masak aja, karena di dalamnya sudah lengkap dengan bumbu-bumbunya. Wah praktis sekali.

Ah tapi sayang, itu hanya angan-angan dan kayaknya sulit. Kita liat sendiri, tempe adalah makanan sehat yang tidak tahan lama jadi harus langsung dihabisin. Nggak ada ceritanya tempe bisa tahan berminggu-minggu bahkan berbulan-bulan seperti mie. Jadi memang susah kalo dikembangkan tempe instan. Apalagi yang namanya mendhoan khan harus lembek-lembek, misal kalau dijadiin mendhoan instan yang harus tahan lama, bisa jadi nggak jadi mendhoan, tapi jadi kripik. Eh, tapi siapa tahu ya bila pada akhirnya ada yng mengembangkannya. Mungkin saja tho?

Follow mamung_ on Twitter
telukambon arumbai

:: parade

ketik email di sini

Join 267 other subscribers

:: jejak membekas

  • 174,594 senyuman